Basa Kutai

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Kutai
Dituturaké ing Indonésia
Wilayah Kalimantan Wétan (Indonésia)
Gunggung panutur 500.000
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Latin, Jawi
Kodhe basa
ISO 639-1 -
ISO 639-2 -
ISO 639-3 either:
vkt – Kutai Tenggarong
mqg – Kutai Kota Bangun

Basa Kutay (Ind: Bahasa Kutai) ya iku basa kang kegolong basa Malayik (basa Malayuwangsa) atawa carabasa Melayu lan dituturaken karong wong Kutai ning Provinsi Kalimantan Wétan. Miturut Monografi Daerah Kabupatén Kutai (1968:2)[1]. Tembung “kutay” asalé sing basa Cina kho dan thai kang tegesé nagara gedhé[2]. Miturut pangira-irané, ana ing urip padinan wong Kalimantan Wétan iku nganggo basa Melayu minangka basa antara atawa lingua franca. Basa melayu ngembang ning Kutay toli (Ind: Kutai toli) diwanuh minangka basa Kutai. Nganti saiki durung bisa dikira-kira kapan basa Melayu awit dienggo ning wewengkon iki amarga durung ana panalitèn atawa pituduh bab iku. Basa iki uga kanggo basa kandhawara (Ind: komunikasi) antaraning wong Banjar, Dayak, Kutay lan wong anyar ning Tênggarong lan ulu Mahakam (Ind: hulu Mahakam) (Fudiat et.al, 1978:17)[1]. Miturut Ethnologue, basa Kutay ana rong carabasa yaiku carabasa Kutay Tênggarong lan carabasa Kotah Bangun (Ind: Kota Bangun)[3][4].

  1. a b Suryadikara, Fudiat; Ibrahim, Sjahrial SAR; Lambut, M. P (1984). MORFOLOGI DAN SINTAKSIS BAHASA KUTAI. Jakarta: PUSAT PEMBINAAN DAN PENGEMBANGAN BAHASA DEPARTEMEN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN.
  2. Suryadikara, Fudiat; Kawi, Djantera; Dursid, Durdje; Ismail, Abdurachman (1979). Bahasa Kutai. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. kc. 1.
  3. "Malay, Kota Bangun Kutai". Dibukak ing September 25, 2017.
  4. "Malay, Tenggarong Kutai". Dibukak ing September 25, 2017.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search